PAWARTOS
Kagem sedaya
kemawon,
Kalau suku
Inca memiliki kalender dan perhitungan jaman yang meramalkan akhir dari
kehidupan, maka di Jawa pun kita memiliki kitab yang berisi ramalan peradaban
Jawa. Dimulai dari setelah Lemuria (kalau ada) sekitar abad ke 1 M sampai
dengan akhir kehidupan, dimana pulau Jawa tenggelam.
Nuwun
Purwane kang
ginupita, duk suwunge tanah Jawi, taksih wana langkung pringga, isinya amung
dhedhemit, pari prayangan lan jim, miwah sagunging lelembut, kalawan
brekasakan, gandarwo lan banaspati, ilu-ilu janggitan lawan kemamang.
Anenggih
kang kawuwusa, jeng Sultan Rum kang winarni, angsal sasmitaning Sukma,
dhinawuhan angiseni, manungsa pulo Jawi, anenggih Sultan ing Ngerum, nimbali
patihira, prapteng ngarsa awotsari, Sang Aprabu alon denira ngandika.
Heh Patih
Ingsun tatanya, marang sira kang sayekti, wartane ing pulo Jawa, apa sira wus
udani, kabare taksih sepi, durung isi manungseku, pan isih dadi wana, kyana
Patih atur bekti, inggih Gusti dereng isi kang manungsa.
Rembage para
nangkodha, Gusti kang sampu udani, ingkang layar tanah Jawa, tan wonten ingkang
nglangkungi, wartanipun anenggih, ageng-ageng hardinipun, pulo mujur mangetan,
sakilene pulo Bali, Sri Nalendra alon wijiling wacana.
Heh Patih
sira mepaka, wong rong leksa somah aglis, tanduren ing pulo Jawa, dhimen padha
gaga sabin, sandika Kyana Patih, menembah lumengser gupuh, samekta lajeng
bidhal, wong rong leksa somah prapti ing muwana kamot ingemot baita.
Ing marga
datan winarna, gancare carita nenggih, janma kang rong leksa somah, pinrenahaken
pulo Jawi, Kya Patih wangsul nuli wus prapta nagari Ngerum, matur rehning
dinuta, purwa madya amekasi, Sri Narendra kalangkung sukeng wardaya.
Wus kalayan
karsa Nata, yata kang kocapa mangkin, janma kang samya tinilar, aneng jroning
pulo Jawi, binadhog ing dhedhemit, meh telas pan amung kantun, sakawan dasa
somah, giris manahira sami, lajeng layar mantuk mring Ngerum nagara.
Wus prapta
Ngerum nagara, lajeng katur Kyana Patih, nulya konjuk Sri Narendra, yen janma
rong leksa nguni, somah pan namung kari, kawandasa somahipun, dene
prikancanira, binadhog para dhedhemit, dhuk miyarsa jeng Sultan ngungun ing
driya.
Puwara renge
ngandika, timbalana Sech Subakir, tan anatara prapteng ngarsa, ngandika Sri
Narapati, bapa sira sun tuding, layar mring pulo Jaweku, sira masanga tumbal
kang hardi-hardi, dimen lunga lelembute pulo Jawa.
Wong keling
sira angkatna, prenahna ing pulo Jawi, semektawa gagawanya, nuli angkatna den
aglis, layar mring pulo Jawi, sira patih aja kantun, Sech Bakir aturira,
sandika pamit wot sari, wusnya beber layar dateng tanah Arab.
Wus prapta
ing Keling praja, dawuhaken amundhut janmi, rong leksa somah kathahnya, laju
layar pulo Jawi, Sech Bakir kang winarni, ing marga datan wuwus, anjujug hardi
Tidhar tumbal pinasang tumuli, awarata pucuking hardi sadaya.
Sapraptane
sang pandhita, gara-gara udan angin, gumludhug swaraning arga, cleret miwah
obar-abir, peteng ndhedhet nglimputi, geger sakehing lelembut, setan sami
lumajar, banaspati sami ngili, ilu-ilu janggitan sami lumajar Jim peri lan
bekasakan, angungsi marang jaladri, gandarwa samya lumajar, dhemit thethekan
anggendring, sadaya samya ngili, tan kuwawa panasipun, sinigeg Sang Hyang
Semar, Togog nguni kekalihe martapeng Merbabu Arga.
Sang Hyang Togog Sang Hyang Semar, lami
martapa ing wukir, dhedhukuh sukuning arga, Merbabu kang den dhepoki, kagyatira
tan sipi, gara-gara geng saklangkung, dhemit pan kagegeran, salang tunjang
rebat ngarsi, sadayanya samya ngungsi mring samodra.
Sang Hyang Semar angandika, Ki Togog wonten ing pundi, Dhemit kagegeran, gara-gara ageng prapti, gonjang-ganjing kang bumi, prakempa lan sindhung riwut, peteng dhedhet leliweran, kekuwung lan obar-abir, pan gumludhug swarane kocak kang arga.

Sang Hyang
Togog lon saurnya, pun kakang boten udani, mangsa borong adhi Semar, wasana
sigra wawarti, yen ki raka tan uning, wit karsaning Sultan Ngerum, utusan mring
pandhita, Sekh Bakir ingkang wewangi, masang tumbal saking gunung tanah Jawa,
ndhaweg ki raka lumampah, manggihi pandhita di utusanira njeng sultan, anenung
sakehing dhemit, anuwun kang pawarti, marang sang Pandhita Ngerum, sakehe
bekasakan sadaya pan samya ngili, kagegeran bubar lelembut sadaya.
Sanghyang
Togog tur sandika, lah ndhaweg adhi pinanggih, anulya sami bidhalan, tumedhak
tyang kekalih ing marga, tan winarni wus prapta ing ngarsanipun, Sekh Bakir
sang pandhita, waspada tyang kalih prapti, redi Tidhar dumrojog ing ngarsanira.
Seh Bakir
lon angandika, ki sanak tiyang ing pundi, manira nembe tumingal, marang
pakenira kalih, sira arsa punapi, duk prapta ngarsaningsun, sanghyang Semar lon
turnya, inggih tanah Jawi mriki, prelunipun kawula pinanggih tuwan.
Seh Bakir
lon angandika, sayekti ing tanah Jawi, pan durung ana manungsa, pan isih rupa
wanadri, Hyang Semar matur aris, kawula sajatosipun, ing kina makina, saderenging
tuwan prapti, hamba kalih dhedhukuh Merbabu arga.
Angsal
sangang ewu warsa, nunten hamba mudhun mriki, dhedhukuh ing redi Tidhar, saweg
angsal sewu warsi, sataun langkungneki Sang pandhita gawok ngrungu, sira iku
wong apa, apa sayektine jalmi, umurira tan kaprah samine jalma. Manira durung
miyarsa, wong umur saleksa warsi, nabi Adam langkung panjang, pan umure sewu
warsi. Sira iku kyai blakaa marengsun, apa ta dudu jalma, dene sira angluwihi,
umurira dawane kagila-gila . Yen jalmaa ora ana kang umur saleksa warsi, sang
hyang Semar aturira, sayekti kula puniki, sayekti dede jalmi, dhanyang tanah
Jawa ulun, ingkang sepuh priyangga, putra Sanghyang Tunggal, nenggih kang
jejuluk sang Bathara Manikmaya.
Sanghyang
Semar nggih kawula, Sabdapalon inggih mami, peparab Ki Nayantaka, ratu dhanyang
tanah Jawi, sejarah duk ing uni, duk babu Kawa rumuhun, nglunturaken kamanira,
binuwang pinupu dajil Pan pinuja nurunaken kang para dewa, Sarupane para dewa,
nggih punika turun mami, sarupane kabeh dhanyang ing sabrang lan tanah Jawi.
Jim prayangan lan peri miwah sagung kang lelembut, inggih turun kawula, tumeksa
kang wingit-wingit, ilu-ilu janggitan turun kawula.
Dene kang
Togog punika, tetesing peksi sendari, sun cipta pan dadi jalma, pan dados
kanthi mami. Mila kawula mriki, manggihi marang sang wiku, arsa taken wak
ingwang, dhumateng paduka ugi, wit punapa sang pandhita karya rusak.
Sadaya nak
putuningwang, sadaya pan sami ngili, pan kenging tenung paduka, punapa
dosanireki, bubar ngungsi jaladri, sagunging para lelembut, sang pandhita lon
ngucap, manira iki sadermi, pan dinuta Njeng Sultan Ngerum Nagara.
Iya kinen
ngisenana jalma marang pulo Jawi, dimen padha gaga sawah, ambukak sakeh
wanadri, ingkang sun gawa mriki, jalma saking Keling iku, kehe rong leksa
somah, wus karsanira hyang Widdhi, nora kena yen sira memalangana.
Sang Hyang
Semar aturira, sokur jumurung wak mami, yen karsanira njeng Sultan ing Ngerum,
sri narapati kang dhawuh angiseni, jalma ing pulo Jawa iku, kinen ambabatana,
nanging kawula suwun sang yogi, binerata tenung kang ngrusak jim setan.
Seh Bakir
lon angandika, iya kaki sun jarahi, karsane sang Murbeng Jagad, lelakone tanah
Jawi, mung winatesan benjing rong ewu lan satus taun, iku pan nuli sirna, wiwit
saking taun iki, satus tahun durung ana ratunira.
Jalma durung
duwe tata, wong iku pan kadya peksi, yen wus jangkep satus warsa, seket siji
langkung neki, Hyang Suksma karya aji, aja sira ngemong iku, sira maliha dewa,
satus taun lamineki, sasirnane pangeran nitahken raja.
Negara Galuh
punika, seket taun lamineki, sirnane Galuh nagara, nuli ana ratu malih, nagri
Sindula aji, umure suwidak warsi, nuli ana narendra, Medangkamulan nagari, ratu
iku saking sabrang angejawa.
Sangking
Mekkah wijilira, Ajisaka kang wewangi, kang jumeneng ratu Medhangkamulan
inggih, nagari satus warsa laminira, tuhu sekti pinunjul, kagodha ing iblis
laknat, nenggih malaekat Dajil.
Nulya satus
taun sirna, pana Hyang Suksma anitah ratu malih, jejuluk Sri Mahapunggung,
patih sang Jugulmudha, angedhaton ing sukuning Gunung Lawu, karta-karti sang
negara, jejeg adil ing nagari.
Satus taun
nulya sirna, Gusti Allah anitah ratu malih, Koripan kadatonipun, satus taun
laminya, turun telu sirnane karatonipun, nulya karsaning Pangeran, anitah
Narendra malih.
Kang tinitah
dadi raja, kuthanira Jenggala lan Kedhiri, Ngurawan lan Singasantun, iku sira
emonga, ngawulaa mring titis Bathara Wisnu, sira angalihaa aran, juluk ki
Prasanta kaki, dene si Togog punika, angaliha si Jodeh Santa benjing, titis
Bathara Wisnu, aja ta sira pisah, pan jumeneng ing Janggala kuthanipun, aran
Kudarawisrengga, digdaya prawireng jurit.
Satus taun nuli sirna, pan Hyang Suksma
anitah ratu malih, Pajajaran kuthanipun, saksirnane Janggala, satus taun
Pajajaran sirna iku, kongsi turun kaping tiga, rusake kalawan siwi
Iku kaki wekasingwang, pan ing kono sira awor myang dhemit, mariya amomong ratu, wus karsane Pangeran, sira tunggal anak putunira besuk, adhukuha sira benjing, ing sukuning Gunung Kendhil.
Iku kaki wekasingwang, pan ing kono sira awor myang dhemit, mariya amomong ratu, wus karsane Pangeran, sira tunggal anak putunira besuk, adhukuha sira benjing, ing sukuning Gunung Kendhil.
Poma sira angestokna, krana iku luwih
sangking prayogi, dene Togog iku besuk, dhukuha alas Lodhaya, anglurahi sakeh
dhemit alas mriku, sasirnane Pajajaran, Hyang Sukma nitah narpati
Juluk prabu Adaningrat, angedaton ana ing Majapait, satus taun laminipun, aturun kaping tiga, rusak sirna nagri Majapait iku, aprang lawan putranira Raden Patah Bintareki.
Juluk prabu Adaningrat, angedaton ana ing Majapait, satus taun laminipun, aturun kaping tiga, rusak sirna nagri Majapait iku, aprang lawan putranira Raden Patah Bintareki.
Ngedhaton
Nagara Demak, kathah sagung para wali ngejawi, saking Arab wijilipun, pan sami
mulang Qur’an, ngestokaken agami Paduka Rasul, mungkasi kang jaman Budha,
tegese budi mangerti. Tiyang Jawi kathah nilar, gama kuna nut agama Ngarabi,
kutha Demak umuripun suwidak taun sirna, turun tiga panjenenganira ratu, nulya
karsaning pangeran, anitah narendra malih.
Ngedhaton negara Pajang, mantunira njeng
Sultan Demak nguni, mung umur salapan taun, sirnane nagri Pajang, wus pinesthi mring
Gusti Kang Maha Agung, nitah malih sri narendra, Mataram sang senapati.
Digdaya prawireng yuda, mandraguna ngambah teleng jaladri, ing Jawa tan na mada, Ratu iku turuning pandhita agung, wong agung ing Ngeksiganda, Panembahan Senapati, amengkoni tanah Jawa, wiwit iku dumugi ing Mantawis, sewu limangatus taun, sawarsa langkungira, umurira satus taun sigra gempur, aturun kaping papat, nulya karsaning Hyang Widhi

Rusak nagara
Mantaram, duk binedhah wong Medura lan Bugis, mungsuh lan Kediri iku, kaleres mantu
priyangga, pan malihe wus jangkep petungipun, nulya karsaning pangeran,
Nangkodha Wlanda ngejawi.
Bedhah nagri
Kartasura, kang ambedhah wong Cina mangun jurit, nulya karsaning Hyang Agung,
nitah malih narendra, angedhaton Yogyakarta prajanipun, kang sawiji ing
Surakarta, aran jaman Sengareki. Lakune wong keh pitenah, padha lali sanak
kadang pribadi, akeh kiyanat laku dora, jahil panasan, lawan suda berkate bumi,
kang metu wanodya ilang wirangnya, wong lanang wedi pawestri.
Setan sami keh gegodha, nora kena pinilih
laku kang becik Jaman Sengara puniku, keh anak lali bapa, supayane sangsara
ingkang tiniru, laku dur sangsaya ndadra, wong keh kapanjingan iblis
Maksiat akeh kang teka, bebendhune Pangeran andhatengi, gumludhug swaraning gunung Merapi udan brama, gonjang-ganjing bumi belah gunung guntur, angin deres lindhu prapta, udan awu andhatengi.
Baledheg ambal-ambalan, swaranira lir belahe kang bumi, sakeh wong gunung puniku, samya rusak kobongan, saya lawas kang bebendhu sami agung, maksiate tanah Jawa, arang manungsa kang eling.
Karepe wong murka samya, bocah cilik wis padha karem dhuwit, larang barang kang tinuku, wong tani kathah rusak, anenandur datan ana ingkang metu, sabab nagri sampun rengka, tan mikir susahing dasih.
Akeh wong kang padha jina, ora marem marang somah pribadi, akeh wong kang padha nglajur, wong dora saya ndadra, kareming wong samya wadul winadul, wong temen akeh ketriwal, wong dora den anggep becik
Ilang adiling nagara, apan amung kasengsem bungah neki, alali marang Hyang Agung, bubrah sakehing tata, kabeh titah nandang susah tan kapitung, angger sugih donya brana, nagara ywa kongsi miskin.
Kang angampil pangawasa, apan maksih Walanda kang mbakoni, satus taun laminipun, Hyang Suksma nulya nitah, atetulung marang tanah Jawa besuk, maksiat kabeh binerat, sadaya wus sirna enthing.
Hyang Suksma anitah raja, duk timure lair neng tanah Jawi, tedhake Andika Rasul, kang ibu trah Mataram, Padelongan iya iku wijilipun, angratoni tanah Jawa, pan jumeneng Ratu Adil.

Ratu iku langkung mlarat, datan mawi sangu
ing praptaneki, duk kineker ing Hyang Agung, tan ana jalma wikan, pan kapethuk
aprang unggul tan na weruh, jumeneng sri narendra, gaib tan ana udani
Kang mungsuh pan samya rusak, ingkang wani prasamya anemasi, tumpes tapis ingkang musuh, balane mung Sirullah, sawer klabang kalajengking samya mungsuh, iku Semar wekasingwang, ngemonga Wisnu nitis.
Kang mungsuh pan samya rusak, ingkang wani prasamya anemasi, tumpes tapis ingkang musuh, balane mung Sirullah, sawer klabang kalajengking samya mungsuh, iku Semar wekasingwang, ngemonga Wisnu nitis.
Sira sakehing lelembat, bantonana titising
Wisnumurti, ana dene kuthanipun, ana alas Ketangga, pan lelembut yasakna
kadhatonipun, juluk Sultan Herucakra, enak atine wong cilik.
Sirna wong kang mbeg durjana, kang wong jahil kabeh prasamya wiwrin, bebotoh samya katutuh, ajrih marang narendra, apan padha awekel tetanenipun, bumi pulih berkatira, murah sandhang lan rejeki.
Sirna wong kang mbeg durjana, kang wong jahil kabeh prasamya wiwrin, bebotoh samya katutuh, ajrih marang narendra, apan padha awekel tetanenipun, bumi pulih berkatira, murah sandhang lan rejeki.
Pajege wong cilik benjang, sawah sakjung
setaun mung saringgit, pancenipun sang aprabu sewu sawulanira lamun langkung
saking sewu datan ayun, ratu iku lumuh karta balaba asih ring dasih,
Murah sandang murah pangan, pra priyayi prasamya sugih, satus taun laminipun, jumenenge sri nata, sirnanira ing kutha Ketangga iku, nuli ana ratu kembar, pernahira kuthaneki
Saloring redi Baita, ingkang siji kuthane iku benjing ana ing Madura iku, seket taun laminya, sasirnane nuli ana ratu besuk, ngedhaton Waringin rebah, ya amunga seket warsi.

Sasirnane Ringin Rebah, nulya ana ratu
ingkang gumanti, ana dene kuthanipun, ana ing Balebaran, lawasira amung swidak
taun gempur, nulya ana Srenggi prapta, angratoni tanah Jawi
Sarta sakehing wong Jawa, den usungi mring Nusa Srenggi benjing, sewu-sewu saben taun, mung tigang dasa warsa, kanjeng Sultan ing Ngerum sigra tetulung. Utusan mring tanah Jawa, anumpes wong Nusa Srenggi.

Pirang yuta
wadyabala, saking Rum layar ing tanah Jawi, anumpes wong Srenggi iku, sirna pan
sampun telas, tedhakira ratu ing Waringin rubuh, nuli jinunjung narendra,
akutha ing Majapait. Telung puluh sanga sirna, sampun jangkep umure tanah Jawi,
Gunung Sumbing nuli guntur, Mrapi mubal dahana, pan Merbabu swarane apan
jumlegur, gunung Tidhar mubal toya, kelem ilang Tanah Jawi……………..